Rabu, 30 Oktober 2013

AYO SINAU MBATHIK

Bathik iku kasil kerajinan tèkstil ingkang ngginaaken malam (lilin) lan canthing kanggo mènèhi motif utawa gambar ing kain. Bathik wis suwé ana, kurang luwih kawit 2000 taun kepungkur. Asal tembung bathik yaiku ambathik saka tembung amba lan titik (basa Jawa) sing maknané: nggambar utawa nulis.
Kanggo nglestareake batik, SMK Muhammadiyah 2 Boja nganakake "In House Training" mbatik kanggo jurusan Busana Butik kelas XII. Acara sing kelaksanan dino Senin 28 Oktober 2013 mlaku tanpo alangan kanti pelatih seko UNNES. Acara sing kawiwitan tabuh 10.00 wib kuwi nekaake nara sumber Dr. Ir Radiah Syamwil, M.Pd soko Dosen UNNES kanthi judul " Praktek Membuat Batik Tulis".
Tujuan dianakake pelatihan iki kajobo kanggo nambah wawasan pangerten, pengalaman, ketrampilan bathik, ugo minongko bentuk kegiatan sing wis direncanaake soko jurusan butik. Sansoyo saiki wis kalebu mongso globalisasi semono ugo bab pendidikan  utamane sekolah sing ngutamaake ketrampilan koyoto SMK, digadang supoyo luwih nduwurake mutu kompetensi pendidikan, mengkono ature bu guru Susi Tri Eliyani,S. Pd  guru lan Kepala Kompetensi Keahlian Busana Butik naliko ndampingi anak didike.
Pengarahan oled Dr. Ir Rodia Syamwil, M.Pd

Persiapan Peralatan pak Kuntarno MR Busana Butik SMK Muhammadiyah 2 Boja

Memanaskan Malam

Merancang Pola Membatik

Menorehkan malam
















Total Tayangan Halaman